Minggu, 29 September 2024

INFORMASI :

SELAMAT DATANG WEBSITE DESA BANJURPASAR KECAMATAN BULUSPESANTREN KABUPATEN KEBUMEN

Peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW dan Pelantikan Pengurus NU Desa Banjurpasar Masa HidmaH 2022-2027

Peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW dan Pelantikan Pengurus NU Desa Banjurpasar Masa HidmaH 2022-2027

        Masjid Nurul  Huda dukuh Sitiadi Banjurpasar Kolowingi rikolo tanggal 9 Oktober wanci sonten dinten Minggu ngawontenaken Pengetan Wiyosan Ndalem Nabi Agung Muhammad SAW.Wonten adicoro meniko panitia Ngaturi Kyai / Mubalig saking jalan Garuda nun ingguh almukarom bapak Kyai Nur Fauzan Samsul Maarif pernah putro saking swargi simbah Samsul Maarif muasis NU kabupaten Kebumen.

         Wonten adicoro meniko ugi kasarengaken kalian Pelantikan Pengurus NU ranting Banjurpasar masa Hidmah 2022-2027 ingkang dipun wakili saking pengurus Kabupaten Bp Taufik dalah Ibnu  Solah Saking MWC Kecamatan Buluspesantren.

         22 Pengurus enggal ingkang pun Lantik ing antawisipun Rois Suriyah nun Inggih Bp Kyai Masngud Soleh,(Ketua) Kyai R muksin (Wakil ketua) H Mahmudin (wakil ketua) Rois Tanfidiyah nun inggih R Sugeng Riyadi (Ketua) Paimin (wakil Ketua ) sartono Mungalim (wakil Ketua ) sekretaris Khudori dalah bendahara  Mohammad Toifur.Meniko ing antawisipun poro priyagung ingkeng pun lantik wonten ing adicro sonten punoko.

        Sinaoso enjing jawah ananging mboten ngirangi semangat warga desa Banjurpasar anggenipun rawuh nyengkuyung sejanipun Panitia ngawontenaken adcoro puniko. Kasunyatan sedoyo ingkang sampun samapto sedoyo pun lenggahi tamu kakung miwah estri

        Wonten adicoro puniko Mubalig Almukarom Romo Kyai Nur Fauzan Samsul Maarif nerangaken pinten pinten sejarah wiyosan ndalem Nabi Muhammad SAW ingkang sampun kaserat wonten  saktunggaling kitab Majmu'ah Mawalidul Wad'iah srariful anam ingkang arupi kalam nadhom,nasar,Kosidah Burdah,dalah lintunipun.

        Ngenani pelantikan panci pun seja dipun sarengaken wonten adicoro Pengetan wiyosan ndalem nabi Muhammad SAW supados masyarakat sami pirso bilih pengurus lama sampun telas masa hidmah tuwin maboten mawi ngawontenake pakempalan khusus nahdiyah.

        Kanti ageman putih dalah sarung ireng kepengurusan  minggah panggung ikror sumph janji minongko pengurus enggal .

Bagikan :

Tambahkan Komentar Ke Twitter