Minggu, 29 September 2024

INFORMASI :

SELAMAT DATANG WEBSITE DESA BANJURPASAR KECAMATAN BULUSPESANTREN KABUPATEN KEBUMEN

Pengetan Wiyosan Ndalem Nabi muhammad SAW dukuh Jurutengah Desa Banjurpasar

Pengetan Wiyosan Ndalem Nabi muhammad SAW dukuh Jurutengah Desa Banjurpasar

     Mboten katilaran warga masyarakat dusun Jurutengah desa Banjurpasar dinten sak meniko tanggal 10 -10-2022 ugi ngawontenake pengetan wiyosan ndalem Nabi muhammad SAW sinaoso jawah deres  sanget.Adicoro ingkang pun rancang sakawet kolowingi meniko rame sanget dipun sengkuyung wargo sak kiwotengenipun Masjid Darrussalam.

     Ngaturi Mubaligh /Kyai saking Kec Petanahan nun inggih Bapak Kyai H Amirudin njlentrehaken sejarah wiyosan ndalem nabi agung Muhammad SAW minongko manungso pilihan panuntun umat dateng dedalaning agesang ingkang leres menggahing paugeran Islami.ingkang sejarah meniko ugi kaserat wonten Majmu'atul Mawalid wad'iyat kalam nasar punopo dene nadhom anggitanipun Syeh ja'far Bin abdilkarim albarzanji.

     Kirang langkung 400 wargo lokal jurutengah dalah lintunipun sami lenggah midangetaken rantamaning adicoro ingkang lumampah ing antawisipun: Mukodimah.Tanggap wacono saking Pangarso Dusun,Panitia,Pengajian hikmah maulidiyah saking Ky Amirrudin.

    Ing swasono ingkang lodhang, artosipun warga saweg nganggur dereng wancinipun tanem tuwuh kangge masyarakat ingkang pendamelanipun tetanen milo,wargo sami cancut tali wondo saiyeg saeko proyo nyengkuyung adicoro meniko kanthi ngrawuhi ngregengaken pengetan wiyosan ndalem nabi agung Muhammad SAW.

    Ketingal rawuh wonten adicoro meniko Pangarso Dusun Bapak Tasino,Sek Des Imam Ari Wibowo,dalah sebagian perangkat desa Banjurpasar ngagem Ageman Batik.Pangarso dusun ugi nderek mangayu bagyo adicoro kanti nderek Tanggap wacono nyengkuyung adicoro swadaya masyarakat nderek kontribusi majuning pembangunan spriritual utawi religi kangge gesang ing tembe mburi.

    Ngantos tabuh 12 00 WIB adicoro paripurno kanti pun tutup kanti pungkasaning dungo penutup dening almukarom Kyai R Zaeni.

Bagikan :

Tambahkan Komentar Ke Twitter