Minggu, 29 September 2024

INFORMASI :

SELAMAT DATANG WEBSITE DESA BANJURPASAR KECAMATAN BULUSPESANTREN KABUPATEN KEBUMEN

Ulang Taun Sepiasan Rebana Fatihus Safaat Desa Banuurpasar

Ulang Taun Sepiasan Rebana Fatihus Safaat Desa Banuurpasar

    Sore Tanggal 17 Oktober wingi Rombangan Rebana Banjurpasar sing dijenengi "Fatihus Safaah ' wis umur setahun uli ibrang ibrung aktif melu ngramekna hiburan nuansa agama nang Banjurpasar.Senajan agi setahun ya wis lumayan kena di rungokna uli nabuhi  karo suara vokale.

     Rombongan sing dituani nang Ibu Lurah kie omonge berdiri setahun kepungkur.Anggotane ibu ibu PKK,Kader Posyandu lan warga sing pada gelem melu.Anggotane lumayan akeh seka sekabehe warga dukuh  Banjurpasar ,Sitiadi,Jurutengah,Kliwonan.

     Kanggo mengeti setahune ya gawe Tumpeng sak ubo rampene kanggo nandani rasa sukur karo sing gawe urip gusti Allo Tangala.Ora ukur anggotane tok sing di undang sukuran tapi para pamong Banjurpasar mulai Kades,sekdes,Kasi,kaur karo staf.

Bagikan :

Tambahkan Komentar Ke Twitter