Minggu, 29 September 2024

INFORMASI :

SELAMAT DATANG WEBSITE DESA BANJURPASAR KECAMATAN BULUSPESANTREN KABUPATEN KEBUMEN

Tanggap Darurat Bencana Pemdes Banjurpasar

Tanggap Darurat Bencana Pemdes Banjurpasar

     Tanggal 26 -12-2022 kirang langkung tabuh 16.00 Kecamatan Buluspesantren katerak angin dalah jawah ingkang radi banter.Kedadosan meniko tamtunipun mbeto perkawis ingkang efek ipun teng Desa Banjurpasar.

     Enten 3 griyo kerubuhan wit mlinjo,kayu salam,kayu kelapa dalah kayu laban. griyo kasebat antawisipun griyonipun ibu Sarmi Dulah Hamdani,saking RT 01 RW 01 ingkang kerubuhan wit mlinjo.Griyanipun bapak Subur RT 02 RW 02 ingkang kerubuhan Kelapa tuwin kayu laban. dene ingkang setunggal niku Griyonipun Bapak Mulud RT 02/05 dukuh Kliwonan.

     Kerugianipun saking kedadosan meniko tamtunipun radi katahah antawisipun 10.000.000,milo saking arah meniko Pemerintah desa ugi cancut taliwondo nderek mbiyantu saking anggaran darurat kalih anggaran pribadi Kepala desa Banjurpasar.

     Masing masing Kepala dusun nueni puonopo kemawon ingkang pun betahaken saking poro korban angin dalah jawah ingkang ageng puniko.kadosdene asbes,genteng,bata merah,lan sak panunggalanipun.

Bagikan :

Tambahkan Komentar Ke Twitter