Minggu, 29 September 2024

INFORMASI :

SELAMAT DATANG WEBSITE DESA BANJURPASAR KECAMATAN BULUSPESANTREN KABUPATEN KEBUMEN

Musdes Pembahasan Rancangan Perubahan APBDes tahun 2023

Musdes Pembahasan Rancangan Perubahan APBDes tahun 2023

      Kolowau nadalu antawis tabuh 20.00 WIB manggen wonten aula Kantor Kepala Desa Desa Banjurpasar ngawontenaken pakempalan mbahas Penjabaran Perubahan APBDes Perubahan tahun 2023.Meniko saktunggaling wujud saking Transparansi anggaran kados dene undang undang sampun kelampah bilih setiap penggunaan anggaran kedah melibatkan masyarakat.

      Adicoro meniko nglibataken Forkopimcam ing antawisipun saking usur Kecamatan,Kapolsek,Danramil, ananging wonten adicoro mboten saged rawuh amargi saweg monitoring kegiatan Pilkades wonten ing Desa Ayamputih dene minongko sesulih Rawuh Bapak Jaelan selaku Kasi pemberdayaan pemerintah,Ibu Evi Retnawati Staf Kecamatan,Guyup Janji Prasetyo  saking Kapolsek tuwin Danramil ugi perwakilan.

      Wonten ing ndalu pun rakit Adicoro Pembukaan ,Sabdotomo PLH Kepala Desa Banjurpasar,Tanggap wacono saking camat Buluspesantren,Penjabaran Materi pun pandegani saking pangarso BPD ,Lain lain  pun akhiri Penutup.

Tanggap wacana saking PLH Kepala desa ngandaaken bilih perubahan meniko kaitanipun wonten bantuan saking Kabupaten kangge penaspalan jalan  wilayah RT 01 RW 02,RW 02,Gang Kaum.Gang Mawar,Gang Mawar Lanjutan,Jalan Murawi,Gang Wana,Gang Wiroyudo kanti bebana saking Aspirasi (pokir) inggih puniko 315.000.000 dipun tambahi 94.500.000,ateges 30% saking APBdes.

Bagikan :

Tambahkan Komentar Ke Twitter